KHUTBAH JUMAT BERBAHASA JAWA; Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW

 


الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونستهديه    الذي أرسل محمّدا عبده و رسوله الذي أدّى الأمانة  وبلّغ الرسالة  ونصح للأمّة   وجاهد في الله حقّ جهاده  وتركنا على المحجّجة البيضاء  ليلها كنهارها  لا يزيغ عنها إلاّ هالك  فمن يطع الله ورسوله فقد فاز فوزا عظيما   ومن يعصى الله ورسوله فقد ضلّ ضلالا مبينا   أشهد أن لا إله إلاّ الله وحده لا شريك له  وأشهد أنّ محمّدا عبده ورسوله  اللهمّ صلّ وسلّم عليه وعلى أله وصحبه   

أمّا بعد , فيا أيّها الناس اتّقوا الله   واعلموا أن الله تعالى قال لنا   لقد جاءكم رسول من أنفسكم عزيز عليه ما عنتّم حريص عليكم بالمؤمنين رؤوف رحيمالتوبة 128

 

Poro sederek kaum muslimin ingkang kawulo hormati

       Dinten meniko JUMAT tanggal 5 R.Awal, pikiran kito jling enget dumateng kelahiran/miyosipun priyantun agung inggih meniko Nb. Muhammad s.a.w, ingkang sampun dipun pilih kalian Allah swt lan dipun utus pinongko dados rahmat kagem jagad raya meniko.

      Piyambakipun pantes dipun emut-emut lan dipun pengeti jalaran anggadahi riwayat hidup (biografi nabawy) ingkang suci, arum lan tetinggalan arupi risalah ingkang abadi isi tulodo, pitedah, lan tuntunan kagem gesang lan sangune pati. Sedoyo ingkang arupi tindak tandukipun, pangandikanipun, kebijaksanaan lan uwoh pikiripun karingkes ing kitab hadist, kadosto Kitab Asshohihain, Al-Kutubussittah, Al-Jami’, Al-Mushonnaf, Al-Musnad lan kitab-kitab sirah ingkang kaserat umpaminipun dening Ibnu Ishaq, Ibnu Hisyam, Ibnu Katsir lsp. Piyambakipun inggih puniko satunggalipun pribadi ingkang berbudi tinggi, berbadan sehat, berpengetahuan luas, berfikiran namung kados ingkang dipun kersaaken gusti Allah s.w.t wonten Al-qur’an

وما ينطق عن الهوى   إن هو إلاّ وحي يوحى  علّمه شديد القوى

Lan, ora pisan-pisan opo sing diucapne iku miturut howo nefsune (sak karepe dw ), ananging ora liyo kejobo wahyu kang diwahyoake (marang dwke), kang diajarake marang deweke karo malaikat Jibril kang banget kuate. An-Najm 3-5 .

      Mboten namung dipun pengeti ananging ugi kedah dipun idola-I, dipun tiru dan gugu sedoyo dawuh pangandiko lan tindak tandukipun

       لقد جاءكم رسول من أنفسكم عزيز عليه ما عنتّم حريص عليكم بالمؤمنين رؤوف رحيم

 

Sak temene wus teko marang siro kabeh sawijining rosul/utusan songko jenis bongsomu dewe, deweke melu ngroso abot ing samubarang opo kang tok roso sengsoro, kepengin banget yen kowe kabeh (iman lan slamet), banget olehe welas lan asih marang sepodo-podo mukmin/ At-taubah 128

 

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

      Minongko mukmin, muslim kito sedoyo perlu nyumerapi, memahami lan mangertosi babagan/sisi robbany saking biografi rosululloh, kados pundi ibadahipun, sholat poso dzikir tahlil tasbih takbiripun, dedongo nyuwun ampun kangge diri keluargo istri putro-putro lan sedoyo mukmin muslim, nyuwun sugih barang  halal adoh barang batal, sugih taat adoh maksiat, liripun pribadi rosululloh naliko semanten sanget bertentangan kalian kawontenan sak kiwo tengenipun. Ibadahipun lillah mboten ibadah lil jaah (jw-nipun :lil-wah). Suko cito senengipun manggen wonten wanci sholat mboten wonten wanci njagong, ngobrol dolan lan njajan, lambenipun tansah teles olehipun dremimil nyebut asmo Allah mboten teles mergo omben, teler, ngomel lan misuh-misuh. Agemanipun sopan, jubah nutupi aurat mboten bolong-bolong, mbentuk, ngapret lan ketat. Suantenipun wanci ngendikan lirih, jelas, ringkes mboten bengok-bengok, etes lan judes. Kekiatan phisikipun siap kagem perang nglawan musyrik, munafik kafir quraisy mboten kagem ngrampok, njarah, tawur lan bubrah-bubrah. Melek dalunipun kagem qiyamul-lail mboten kagem judi, jail lan srail. Sedoyo meniko ndadosaken Nabi Muhammad putro Abdullah pinongko Nabi ingkang ajejuluk Al-amin, lan kados salam-salam wonten kitab berzanji. Dawuhipun gusti Allah Ta’ala : Sak temene wus ono ing diri pribadi rosul Allah Ta’ala iku tulodo, conto kang apik lan becik tumrape wong-wong kang ngarep-arep rahmate Allah lan tekane dino kiyamat lan deweke kang okeh nyebut asmo Allah/ Al-ahzab 21.

 

Poro sederek kaum muslimin ingkang minulyo

       Lir gumantinipun mongso, swasono lan budoyo – perkembangan nalar akal lan budi - roso, karso lan cipto - kognisi, konasi lan psychomotorik - kemajuan ilmu pengetahuan, tehnologi lan spriritual - pencapaian IQ ingkang duwur ingkang boten dipun dibarengi kalian pencapaian EQ lan ESQ - ugi tuntutan kebutuhan dumateng barang lan jasa/pelayanan kadang ndadosaken coro pikiripun sawenehing tiang dumateng perkawis-perkawis agami, ibadah lan akhlaq sopan santun terpengaruh lan milih-milih. Ibadah ingkang mboten tinemu nalar (mahdhoh), kewajiban kewajiban dumateng Allah, sunnah-sunnah rosul ingkang mangan wektu lan tenogo - dipun anggep melanggar HAM. Aspek ibadah ingkang orientasinipun ganjaran (sanes hasil utawi bayaran), dipun anggep barang muspro guang-guang tenogo. Perkawis awisan agami (judi, prostitusi, miras lan narkoba) namung jalaran saged memenuhi tuntutan ekonomi lan pembangunan dipun lokalisir, di dol tinuko-aken, nauudzu billahi min dzalik. Dr. Abdullah Shahab, satunggaling dosen wonten Fakultas Tehnik Elektro ITS, ngendikan “ sebab utama tidak teramalkannya ilmu semata-mata orang menggunakan rasionya “ tegesipun ilmu-ilmu ingkang mboten tinemu ngakal- opo sebab lan opo manfaat-e ora bakal dilakoni. Pramilo jalaran meniko supados ilmu agami meniko saged dipun amalaken - Ary Ginanjar Agustian setunggaling ahli psikologi lan da’I kondang ngendikan “ supados dalem diri pribadi seseorang enengo ingkang naminimpun Emotional Spiritual Quotion (ESQ) inggih puniko semangat batiniyah kangge mahami God Spot bilih Gusti Allah meniko wonten, suwargo neroko wonten, ganjaran lan sikso inggih wonten. Mboten namung sekedar ajaran becik ketitik olo ketoro, sopo agawe olo bakal oleh karmo sopo agawe becik bakal nyuwiji karo kang moho kuoso. Jelasipun kagem nggayuh ganjaran lan suwargo hinggo nyuwiji panggih Allah swt kedah mawi amal sholeh ingkang dipun dasaraken syari’at ingkang kamot wonten Al-quran lan Al-hadist.

 

Poro hadirin sederek sedoyo ingkang minulyo

      Monggo Pengetan Maulid Nabi Muhammad saw meniko kito semangati kanti ngenyari niat kangge ngimani ajaran nabi, ngrungkebi dawuh-dawuhipun lan usaha kanti tenanan mbekto kehidupan rosulullah dumateng kehidupan ing ndalem kito piyambak-piyambak. Kito resepi estu-estu suraosipun kitab berjanji, kito kumandangaken lagu “ Bulan Maulud Kelahiran Nabi “. Kito critaaken sejarah gesangipun kenjeng Nabi dumateng lare-lare lan akhiripun kito pundut inti ajaranipun supados gesang kito runtut kaliyan kanjeng nabi lan pikantuk syafaatipun mbinjing ing dinten qiyamat.

 

جعلنا الله وإيّاكم من الفا ئزين الأمنين   وأدخلنا وإيّاكم في زمرته الموحّدين  أقول قولى هذا وأسنغفر الله لى ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات ويانجاة التائبين أدخلهم جنّتك النعيم برحمتك ياأرحم الراحمين


Baca juga: Hadits tentang berpegang teguh kepada kebenaran


الخطبة الثانية

الحمد لله الذي ألف الإسلام بين قلوب المسلمين وأوجب الاتحاد وحرم التفرق في كتابه المبين. أشهد أن لا إله إلا الله هدى من شاء إلى الصراط المستقيم. وأشهد أن حمدا رسول الله خير داع إلى الطريق القويم. اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى آله وصحبه الذي تهذبت نفوسهم واتحدت قلوبهم فكانو السادة المنصورين.

أما بعد فيا عباد الله وأصيكم وإياي نفس بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون.

اللهم اغفر للمؤنين والمؤمنات والمسلين والمسلمات الأحياء منهم والأموات إنك قريب مجيب الدعوات. اللهم أعز الإسلام والمسلمين وأصلح ولاة المسلمين والف بين قلوبهم وأصلح ذات بينهم وانصرهم على عدوك وعدوهم ووفقهم للعمل بما فيه صلاح الإسلام والمسلمين. اللهم أهلك الكفرة والمبتدعة والمشركين أعداءك أعداءالدين. اللهم شت شملهم ومزق جمعهم وزلزل أقدامخم ودمر ديارهم وألق في قلوبهم الرعب إنك على كل شئ قدير. ربنا هبلنا من أزواجنا وذرياتنا قرة أعين واجعلنا للمتقين إماما.

اللهم اجعلنا من أهل العلم والخير والهدى والتقوى والعفاف والغنى. ربنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار.

عباد الله إن الله يأمركم بالعدل والإحسان وإيتاء ذي القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي يعظكم لعلكم تذكرون. أقم الصلاة!


Komentar atau pertanyaan, silakan tulis di sini

Posting Komentar (0)
Lebih baru Lebih lama