Khutbah Jumat Berbahasa Jawa; Ibadah Wonten Sasi Suro

 


الحمد لله الذي خصّ أمّة محمّد بالتفضيل من سائر الأمم    وجعل هذه الفضائل تبعا في الأعمال والثواب وفي الأماكن والأيّام   فكلّ ذلك لا تخلو من النعم والحكم فيا عباد الله اتّقوا الله ويعلّمكم ما لم تعلموا  أشهد أن لا إله إلاّ الله الملك الحقّ المبين    و أشهد أنّ محمّدا رسول الله صادق الوعد الأمين   اللهمّ صلّ وسلّم وبارك على هذا النبيّ الكريم وعلى أله وصحابته    وأحينا اللهمّ على سنّته  وأمتنا على ملّته واحشرنا في زمرته مع الذين أنعمت عليهم من النبيّين والصدّيقين والشهداء والصالحين وحسن اولئك رفيقا  

أمّا بعد ,

      Kaum Muslimin Jamaah  Jum’ah ingkang kulo hormati

Kulo panjenengan sedoyo dipun dawuhi kalian Gusti Allah kanti dawuhipun mekaten

ياأيّها الذين أمنوا اتّقوا الله ولتنظر نفس ما قدّمت لغد واتّقوا الله  إنّ الله خبير بما تعملون ( الحشر  59: 18)

Hey wong-wong kang podo iman kowe kabeh taqwao marang Allah lan supoyo saben uwong nggatekne opo wae to kang wus dilakoni/tindakne kanggo dino mbinjing ( akhirat ), lan podo taqwao marang Allah, sak temene Allah iku Moho weruh marang opo kang siro kabeh lakoni. Ayat meniko ngemutaken dumateng kito ing akhir sasi kapisan ( Muharrom ) tahun enggal 1423 meniko.    

Sepindah,  ngengigi kawontenan iman kito menopo dinten puniko pinuju munggah menopo pinuju mudun ? Menawio pinuju munggah kanjeng Nabi ndawuhi supados kito nindakaken perkawis-perkawis ingkang wajib-wajib lan ingkang sunat-sunat, dene menawi mudun sampun ngantos nglirwaaken ingkang wajib-wajib.

Kaping kalih, ngengingi taqwa kito, menopo kito sampun saestu-estu nindakaken dawuh-dawuh lan langkung-langkung menopo kito sampun  saestu-estu ninggalaken sedoyo awisan-awisanipun Allah ? Saking bangetipun anggenipun ngimutaken bab taqwa meniko, ngantos-ngantos Gusti Allah mangsuli kaping kalih ndalem setunggal ayat meniko.

Kaping tigo, ngemutaken kito ngengingi pendamelan menopo ingkang sampun kito ayahi kangge ngadepi dinten mbinjing. Sebab gusti Allah Moho mirsani menawi kito sampun nyiapaken menopo dereng. Menawi dereng, supados kito isin dumateng Allah swt, jalaran tiang-tiang ingkang supe kewajibanipun dumateng Allah, gusti Allah inggih bakal nglirwaaken hak-hakipun tiang kolowau. Kados hakipun nampi rohmat, nikmat lan berkah soho syafaat ing dinten kiyamat mbinjing bade dipun lalek-aken dining gusti Allah. Dipun jelasaken wonten ayat sak banjuripun, bilih tiang ingkang supe kewajibanipun dumateng Allah naliko sepi piyambakan mboten dipun pirsani ngasanes diun wastani golonganipun tiyang munafiq. Dene ingkang supe kewajibanipun naliko katah tiang ingkang mirsani menopo malih naliko sepi dipun lebetaken golonganipun tiang Yahudi. Dumateng kalih golongan meniko Allah mboten bakal mbikak manahipun, sahinggo deweke purun mbikak piyambak. Kalih golongan(munafik lan Yahudi) meniko kalebet tiang ingkang fasik, tegesipun tiang ingkang estu-estu medal saking ketaatan marang Allah.

 

      Poro sederek kaum muslimin ingkang kulo hormati

Kito sadari menopo mboten bilih wontenipun pepenget nedahaken wontenipun kekirangan, keklentuan lan pelanggaran. Wontenipun tengoro nedahaken wontenipun beboyo, gangguan lan serangan. Mekaten ugi pepenget ngengingi iman, taqwa lan amaliyah nginggil nedahaken bilih ing babagan meniko katah kekirangan lan katah serangan. Liripun, gangguan-gangguan lan serangan dumateng kawontenan iman, taqwa lan amaliyah kito mboten sanes kangge ngasoraken ke-Islam-an kito. Jalaran dianggep Islam kalian kekiatan iman, taqwa lan amaliyahipun dados penghambat kemajuan lan cita-citanipun tiang ingkang mboten remen dumateng Islam.

      Asyuro ingkang artosipun sedoso ingkang ateges tanggal sedoso wulan Muharrom pinongko dinten ingkang dipun agungaken lan dipun hormati kalian siyam, sedekah lan ngatah-2 aken dzikir, wirid lan fikir jalaran gusti Allah ing dinten meniko ( kados ingkang dipun tangletaken S. Umar r.a dumateng Nabi Muhammad : Jalaran menopo Allah melebihkan/mengharamkan dinten meniko ketimbang sanesipun ?  Nabi lajeng njawab : jalaran ing dino iku ) Allah andadosaken bumi, langit, srengenge, rembulan lintang-lintang, lauhil mahfudz, ugi nyipto Jibril, malaikat-2, Nabi Adam, Hawa, suwargo lan ngomahaken Adam lan Hawa ing suwargo. Ugi ing dinten meniko miyosipun Nb. Ibrohim a.s lan dipun slametaken saking obongan geni ugi ing dinten meniko, mentasipun Nb. Musa saking segoro lan kelepipun Firaun ingkang dipun laknat Allah, miyosipun Nb. Isa lan dipun angkatipun Isa lan Nb. Idris ing ngarsanipun Allah ta’ala. Tobatipun Nb. Adam dipun tampi lan dosanipun dipun ampuni inggih ing dinten meniko. Nb. Nuh lan perahunipun slamet, Nb. Yusuf medal saking kunjoro, Nb. Yunus medal saking madaran iwak ing tanggal sedoso Muharrom ( Asyuro ), Nb. Sulaiman awitan mengku rojo lan awitan ananipun udan banyu inggih ing dinten Asyura.                

Ananging Asyuro dados Suro, tegesipun ing jaman semanten katah asu moro dateng deso-deso, sahinggo tiang Jawi mangayu datengipun wulan Suro kanti panyuwun dipun paringi slamet tinebihno saking rubedo kalis lir ing sambikolo. Kanti kapitadosan yening wulan meniko katah ciloko lan musibah. Amalanipun arupi tanggap warso kanti pesto suran lan grebeg suro. Ingkang ing jaman Medang Kamulan rumiyin isinipun : Semedi alias manekung amuntu samadi, Adus Kramas, siraman warangan, bersih deso, ngguwak sajen, lek-lekan lan mlampah-mlampah dalu.   

Liripun, ingkang mboten kiat iman, taqwa lan amaliyahipun dados katut lan manut ing mriku.

      Poro sederek, monggo sami kito jejegaken ingkang doyong lang monggo sami kito lurusaken ingkang bengkong kanti wangsul dumateng ajaran Islam ingkang asesumber saking Al-qur’an lan Al-hadist. Kito kedah saged mbentenaken antawisipun meniko budoyo lan meniko agomo. Lan taksih katah malih kekiatan-kekiatan dalem berbagai macem bentuk-ipun ingkang sewanci-wanci nyerang dumateng Islam. Kekiatan-kekiatan kolowau menggah pemanggihipun fuqoha’ kawit rumiyin sumberipun satunggal inggih puniko kekufuran. Sedoyo bentuk kekufuran satu padu nganggep Islam musuhipun, dawuhipun Allah wonten Al-qur’an

والذين كفروا بعضهم أولياء بعض إلاّ تفعلوه تكن فتنة في الأرض وفساد كبير

Dene wong-wong kafir sebagiane dadi pelindung sebagian liyane, dene kowe kabeh ( poro muslimin ) lamun ora nglakoni opo kang diperintahne Allah kuwi, temen bakal ono kekacoan ing lumahing bumi lan bakal ono kerusakan kang gede ( Al-Anfal 73 )

Golongan kolowau wonten ingkang jelas-jelas kados Komunis, ingkang mboten percados wontenipun Allah, malah-malah ngendikan “ ora bener yen Allah iku kang agawe manungso ananging menungso kang nyipto anane tuhan “.

Wonten malih golongan Yahudi, ingkang rumiyinipun mencar-mencar ing bumi, gesang sesarengan kaum muslimin, aman, tentrem nyambut gawe lan numpuk bondo. Ananging banjur ujug-ujug malik, anioyo marang kaum muslimin, ora lilo kejobo iso nduweni negoro, kang merdiko, ajejuluk negoro Israel najan ngangge coro mgrampas bumi Palistina, kanti organisasinipun ingkang asmo Zionis Yahudi. Angkahipun ngedekaken kerajaan Israel ing bumi antarane lepen Eufrat hinggo Nil, yoiku Syria hinggo Mesir sak meniko. Agomo Nasrani dasaripun lan Dataran tinggi Golan pusat lan ibukotanipun.

Benten malih kalian golongan Paganis ing wilayah Asam negari India. Deweke sampun kasil mejahi pinten-pinten ewu tiang ingkang ngendikan “ Laa ilaaha illalaah “ kamongko deweke ora nate mejahi tikus-tikus ingkang nyerang taneman jagungipun, mboten nate ngangge obat semprot omo, obat nyamuk dilarang, pokoke sedoyo ingkang njalari matine hewan dilarang, kejobo siji sing oleh dipateni yoiku wong muslim.

يريدون أن يطفؤا نور الله بأفواههم ويأبى الله إلاّ أن يتمّ نوره ولو كره الكافرون  هو الذي أرسل رسوله بالهدى ودين الحقّ ليظهره علىالدين كلّه ولو كره المشركون 

Wong-wong iku ( Yahudi  lan Nasrani ) pengine mateni nuur ilahi ( agama ) nganggo mulut ( ucapan ) ne, lan Gusti Allah ora nerimaake kejobo pengin nyempurnakake agamaNe, najan-to wong-wong kafir ora demen. Panjenengane ingkang sampun ngutus poro rasolipun kanti nggowo petunjuk rupo Al-qur’an lan agomo kang bener kanti maksud bakal dimenang-ake ( karo Allah ) ing agomo liyane, najan-to wong-wong musyrik ora podo seneng ( At-taubah 32-33 ).

 Akhiripun kulo nasehataken monggo samio nyadari penderitaan kaum muslimin iangkang ing mriko-mriko, sampun ngantos urusan-urusan pribadi nglirwaaken iman, taqwa kito dumateng Allah ta’ala, sampun ngantos dados kaum ingkang putus asa, emoh dedongo, nglokro lan kendo ngadepi tantangan ingkang nggerogoti iman, taqwa lan amalan ibadah kito.

إنّه لا ييئس من روح الله إلاّ القوم الكافرون

Sak temene ora ono kang putus asa soko rahmate Allah kejobo wong-wong kafir ( Yusuf 87)

ومن يقنط من رحمة ربّه إلاّ الضالّون

(Nb.Ibrohim ) ngendiko : Ora ono uwong sing putus asa soko rahmat robb-ipun kejobo wong-wong kang sesat. ( Al-Hijr 56 ). Ananging monggo samio dados kaum lan ummat ingkang kados dipun kersaaken rosululoh nalikanipun ngadepi perkawis-perkawis abot, inggih puniko  

لا تزال طائفة من أمّتي قائمة على أمر الله لا يضرّهم من خذلهم ولا من خالفهم حتى يأتي أمر الله وهم ظاهرون على الناس

Bakal ono segolongan soko umatku iki sing terus olehe nindakne perintahe agomo Allah. Deweke ora bakal nggleyor naliko oleh mudhorot ( ancaman) soko wong-wong kang pingin agawe dholim/anioyo lan kang nantang deweke, sahinggo temen-temen Allah nemtokne urusane/nasibe, deweke ikulo wong unggul ing atase poro manungso. Hadist riwayat Asy-syaikhoni dan Ahmad .

أقول قولى هذا وأستغفر الله تعالى لى ولكم  

فاستغفروه إنّه هو الغفور الرحيم  وادعوه يستجـب لكم 

 

Baca juga: PERINGATAN DARI HIJRAH


الخطبة الثانية

 الحمد لله غافر الذنب وقابل التوب شديد العقاب ذي الطول لا إله إلاّ هو إليه المصير وأشهد أن لا إله إلاّ الله وحده لا شريك له 

يسبّح له مافي السماوات وما في الأرض له الملك وله الحمد وهو على كلّ شيئ قدير

وأشهد أنّ محمّدا عبده ورسوله البشير النذيروالسراج المنير  

صلوات الله وسلامه عليه وعلى أله وصحبه الذين أمنوا به وعزّروه ونصروه واتبعوا النور الذي أنزل معه   أولئك هم المفلحون   

ورضي الله عمّن دعا بدعوته واهتدى بسنّته وجاهد جهاده إلى يوم الدين , أمّ بعد         

اللهمّ صلّ على محمّد وعلى اله وصحبه أجمعين وارحمنا وإيّاهم برحمتك يا أرحم الراحمين

اللهمّ اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات

اللهمّ أصلح لنا ديننا الذي هوعصمة أمرنا  وأصلح لنا دنيانا التي فيها معاشنا وأصلح لنا أخرتنا التي إليها معادنا واجعل الحياة زيادة لنا في كلّ خير واجعل الموت راحة لنا من كلّ شر 

 اللهمّ اجعل يومنا خيرا من أمسنا واجعل غدنا خيرا من يومنا وأحسن عاقبتنا في الأمور كلّها    وأجرنا من خزي الدنيا وعذاب الأخرة    

اللهمّ إنّا نسألك العفو والعافية  في ديننا ودنيانا وأهلينا وأموالنا

اللهمّ استر عوراتنا وأمن روعاتنا واحفظنا من بين أيدينا ومن خلفنا وعن أيماننا وعن شمائلنا ومن فوقنا ونعوذ بعظمتك أن نغتال من تحتنا   

اللهمّ أكرمنا ولا تهنّا واعطنا ولا تحرمنا وزدنا ولا تنقصنا وأثرنا ولا تؤثر علينا  

وارض عنّا وارضنا  

ربّنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقون بالإيمان ولاتجعل في قلوبنا غلاّ للذين أمنوا ربّنا إنّك رؤوف رحيم.

عباد الله , يقول الله تبارك وتعالى : إنّ الله وملائكته يصلّون على النبي يا أيّها الذين أمنوا صلّوا عليه وسلّموا تسليما   وأقم الصلاة إنّ الصلاة تنهي عن الفحشاء والمنكر ولذكر الله أكبر والله يعلم ما تصنعون      

Komentar atau pertanyaan, silakan tulis di sini

Posting Komentar (0)
Lebih baru Lebih lama