Khutbah Idul Fitri Berbahasa Jawa; Bandha Namung Titipan

 


بسم الله ا لرحمن ا لرحيم

ا لسلام عليكم ورحمة ا لله وبركاته

 

الله أ كبر     الله أ كبر      الله أ كبر

إ نّ ا لحمد و ا لنعمة لك وا لملك لا شريك لك

الله أ كبر     الله أ كبر      الله أ كبر

مالك ا لملك تؤتي ا لملك من تشاء  و تنزع ا لملك ممّـن تشاء

الله  أ كبر    الله أ كبر      الله أ كبر

ا لحمد لله  ا لحمد لله ا لذي حمده وثناؤه تفوق فوق المنارو فوق كلّ ا لبشر نعمه تعمّ ا لسموات و الأرضين المنتشر  نحمده ونستعينه طوال النهار والأسحار

أشهد أن لا  إله إلاّ الله الملك الحقّ المبين  وأشهد أ نّ سيّدنا محمّدا رسول الله  صادق الوعد الأمين  أوصيكم ونفسي بتقوى الله   فا تّقوا الله عبادا لله و بادروا الأمر الذّي اعـتـدل فيه يقينكم   وأطيعوا رسولكم الذي أخرجكم من الظلمـات  إلى النور

 

أمّا بعد ,

فيا أ يّها ا لمسلمون  إ نّ يومكم هذا يوم عيد وسنّة وا بتها ل  و رغبة يوم ختم الله به صيام شهر رمضان وا فتتـح به حجّ بيته ا لحرام   وجعـله معـقّـبا لمفـروض صيامكم ومـتنــفـل قيامكم  أحلّ فيه الطعام لكم وحرّم فيه الصيام عليكم  فا طلبوا إ لى الله حوائجكم واستغفروه لتفـــريطكم  قال الله تعالى:  يا أيّها ا لذين أ منوا توبوا إ لى الله توبة نصوحا عسى ربّكم أن يكـفـّر عنكم سـيّئاتكم و يدخلكم جنّات تجرى من تحتها ا لأنهار يوم لايخزى الله التـبيّ والذين أمنوا معه  نورهم يسعى بين أيديهم و بأيمانهم يقولون ربّنا أتمم لنا نورنا واغفر لنا إنّك على كلّ شيئ قدير   (التحريم  8 )                                       

 

PORO SEDEREK KAUM MUSLIMIN WAL MUSLIMAT

       Mboten wonten seklumit klimat ingkang pantes kito atur pangandikaaken kejawi “ Allahu Akbar walillahi-l-hamd, mboten wonten pangeran ingkang sinembah kejawi namung Gusti Allah ingkang ngeratoni sekatahing poro ratu “.  Meniko pinongko syukur, dene kulo panjenengan sedoyo saged menangi riyadin enjing meniko. Gusti Allah dawuh supados kito angagungaken syi’aripun.

ذلك و من يعظّم شعائر الله فإنّها من تقوى ا لقلوب.   ( الحج22 :32 )

       Senaoso akhir-akhir puniko katah cobi, gudo lan moroboyo, ingkang kedah kito tampi kanti sabar lan narimo, ananging ugi katah karunio lan parisuko ingkang wajib kito syukuri kanti ajer lan legowo. Gusti Allah andadosaken banjir, longsor lan kobongan ing mriko-mriko ananging ugi maringi slamet lan panjang yuswo sarto katah rizqi ing mriki. Ingkang kados mekaten pancen sampun dados kembangane ndonyo, ingkang sampun karipto kanti pretelo ing dalem kitab Al-qur’an ingkang kito yaqini leresipun

 

إن يمسـسكم قرح فقد مسّ ا لقوم قرح مثله   وتلك الأيّام نداولها بين ا لناس  ليعلم الله ا لذين أ منوا و يتّـخذ منكم شهداء  والله لا يحبّ ا لظالمين.      (ال عمران3  : 140)

 

Yen kowe kabeh (naliko perang Uhud ) oleh apes, mulo sak temene wong (liyo, kafir ) kuwi ugo (naliko perang Badar) yo oleh apes. Lan mongso ( menang kalah, utuh ajur ) iku ingsun gilir-ake ing antarane siro kabeh poro manungso, supoyo Allah mbedak-mbedakne endi wong sing iman (lan endi sing kafir), lan supoyo ono ing antarane siro sing gugur dadi kurban. Gusti Allah ora seneng marang wong-wong sing anioyo.

Lahiripun kedadosan-kedadosan meniko justru sagedo ndadosaken kulo sedoyo langkung taqwallah kanti nambah-nambahi anggen kito mikir, dzikir, waspodo, ngibadah lan ndedongo.

 

Poro Jamaah  ‘Idul Fitri ingkang minulyo

Soyo tebih kito nglampahi gesang, soyo celak dumateng pinesten pejah. Soyo katah anggen kito sinau, soyo katah nyumerepi kebodohan kito. Soyo katah kito kempalaken bondo, soyo katah kito raosaken kekirangan kito. Gesang nguber pati, sajroning nguber pati manungso kedah genep sangunipun, supados mboten kendat ing margi. Pramilo sampun ngantos pegat kaprayitnan memaes pribadi ngagem piwucal-piwucal kados ingkang kito tumindakaken sewulan Poso muput.

       Gusti Allah dawuhi Poso ing siangipun Romadhon mboten langkung pengajengipun ing tembe mongso bibar Romadhon sagedo ka-agem hikmahipun inggih puniko arupi kekiyatan mepeg howo nafsu, lan mepeg kepinginan ingkang dipun awisi dining Gusti Allah. Lebetipun poso kito nilar kebetahan naluriah ( = dahar, ngunjuk lan kempal istri ) meniko ngemu hikmah satunggalipun tekad bilih kito langkung remen dumateng gesang ingkang abadi ing akhirat ketimbang gesang ing donyo ( gesang kangge mangan, ngombe, lan ngladeni karep ). Malahan tiang ingkang poso kasuwun tansaho ngatah-atahaken sedekah, ngedalaken zakat, - ndalem ilmu ekonomi ing pundio, soyo katah pengeluaran ateges boros lan berakibat kerugian- ananging konsep Gusti Allah mboten mekaten. Kaceto wonten ing Al-qur’an dasar dasar pengelolaan bondo iku kados mekaten  : Bondo iku sebagiane kudu diblanjakake kanggo wong liyo sing  melu duwe hak lan ing sabilillah. Ora perlu wedi rugi.

ا لذين ينفقون أ موالهم في سبيل الله ثمّ لا يتبعون ما أ نفقوا منّا ولا أ ذى  لهم أجرهم عند ربّهم ولا خوف عليهم ولاهم يحزنون \ البقرة 262

Wong-wong kang nafkahake bandane ing dalan marang Allah, banjur deweke ora ngundet-undet nafkahe lan gawe loro atine sing nompo, deweke oleh ganjaran ing ngarsane Gusti Allah, ora ono kekhawatiran tumrape wong-wong iku lan ora sedih.

مثل الذين ينفقون أ موالهم في سبيل الله كمثل حبّة أ نبتت سبع سنابل في كلّ سنبلة مائة حبّة والله يضاعف لمن يشاء  و الله سميع عليم  \ البقرة  261   

Paribasan wong-wong sing podo ngetokake bondone ing kepentingane Allah, koyo dene siji winih kang biso nukulake pitung pang, saben pang metu satus uwoh. Allah bakal nikelake (ganjaran) marang sopo wae kang di kersakNe. Lan Allah moho jembar kurniaNe uga moho mirsani. Al-Baqoroh 261 )pirsani Al-Baqoroh nganti ayat 265(.                     Gusti Allah sampun ngatur kados pundi coro-caranipun blanjakne bondo kanti aturan-aturan (nisab, haul, ashabus tsamaniyah) lan ngawisi blonjo kang tanpo aturan, foya-foya, ropyan-ropyan, breh tanpo watesan kang ora karuan jluntrungipun  . Dawuhipun :

 كلوا وا شربوا ولا تسرفوا  إنّه لايحبّ المسرفين \ الأعرا ف (7) 31

Mangano, ngombeyo lan ojo breh-brehan, sak temene penjenengane ora seneng wong-wong sing breh-brehan. Al-A’rof 31

         Gusti Allah ugi dawuh supados podo saling bantu-biyantu ing antawisipun muslim sae wekdal rupeg menopo malih wekdal longgar.

          Gusti Allah janji, wonten ing surat Al-lail, 5 – 7  mekaten :

فأمّا من أ عطى و ا تقى وصدّ ق با لحسنى فسـنيـسّره لليسري    و أ مّا من بخـل واستغنى وكـذّب بالحسنى فسـنيـسّره للعسرى  

Wong-wong sing : mblanjakne bondone ing kepentingane Allah, lan taqwa, lan ngakoni bakal ono piwales apik ( suwargo ), mulo ingsun musti nglancarake dalan-dalan tumuju penak.

          Konsep ngedalaken bondo nginggil namung saged dipun raosaken faedahipun kalian tiang-tiang ingkang anggadahi iman lan taqwa. Tiyang Jawi ngendiko : Soyo okeh olehmu nimbani, soyo bening lan lancar sumbere ( sumur iku ). Ora ono wedus kang ngombe banyu susune dewe ( keduwekan sing paling apik justru di wehne wong liyo ).

          Pancen sampun dados sifat manungso tansah kepingin barang apik, okeh lan eman ngetokne – kepinginan mboten wonten telasipun – satunggalipun Hadist nerangaken, lamun menungso iku di paringi pelikan emas sak pekarangan, ora liwat deweke bakal nyuwun pelikan emas kalih pekarangan, tigo lan sak terusipun mboten bade puas sahinggo diparingi siti (mati).

-------00000------

          Ing pagelaran langkung wiyar kito saged mirsani dumateng kawontenan satunggaling negari ingkang pemerintahipun korup, penggede-penggedenipun gumede lan foya-foya blanja-ake bondo negoro tanpo aturan, malahan podo mangan hak-hak fakir miskin lan dhu’afa, pemimpinipun kapatrapan penyakit wahn ( hubbud-dunya ), polisi, hakim lan jeksonipun mboten adil, kongkalingkong …….. negeri ingkang kados mekaten persis negeri Saba’ negerinipun ratu Bilqis ( pirsani S.Assaba’ 15-17 ), pemimpin kados mekaten persis Fir’aun( pirsani S.Yunus 88), penggede kados mekaten persis putro pakdenipun/naknderekipun Nabi Musa asmo Qorun ( pirsani S.Al-qoshos 76 ). Proses hukum kados mekaten meniko mirip kalian  Thu’mah ingkang kacarios wonten surat An-Nisa’ ayat 105,……..sedoyo hancur lebur, isinipun musibah, tukaran padu lan mboten aman.  Wonten tanah Jawi R. Ronggowarsito nggambaraken kawontenan negari dinten puniko kados lagunipun “ bank-bank tup jendelo wela welo sopo mambu entut ditembak rojo tuwo “ tegesipun bank pinongko sendi/sokogurunipun ekonomi sami tutup/bangkrut diblakno jendelane ora ono maling nyobo jalaran wus ora ono opo apane, sing tuwo kang dianggep biso noto negoro podo tembak-tembakan, saling bunuh rebutan deg, rebutan bondo kang olo banget ambune ing ngarcopodo. Boten goro-goro perbedaan pendapat ananging jalaran bedo pendapatan. Rosululloh s.a.w ngendiko :

عن حذيفة رضى الله عنه قال, قال رسول الله صم : فتنة الرجل فى أ هله و ماله وولده وجاره  تكفّرها ا لصلاة و ا لصوم وا لصدقة و الأمر و النهي \ رواه البخاري

Sumber ciloko iku manggone ono keluargo, bondo, anak lan tonggo bisone ilang nganggo sholat, poso, shodaqoh lan amar ma’ruf nahyi mungkar.

الله  أ كبر   الله أ كبر  الله  أ كبر  ولله ا لحمد

Poro sederek kaum muslimin wal muslimat

Lembaran enggal arupi ‘Idul Fitri, boso Arab ingkang artosipun wangsul dumateng kawontenan ingkang suci. Monggo sampun ngantos kalimah ‘Idul Fitri namung kito dadosaken slogan, tulisan, hiasan bibir, hiasan sampul surat, ananging monggo kito dadosaken pinongko pangkal, bonggol, wiwitanipun nuceni leketeking diri, bongso lan negari saking penyakit-penyakit nurani, rohani menopo dene penyakit sikep, tingkah laku, politik kotor ingkang tebih saking ajaran agami Islam. Menawi rumiyin (zaman rosululloh) penyakit-penyakit meniko dipun wastani penyakit jahiliyyah, jaman poro wali dipun wastani penyakit molimo, jaman Indonesia dereng merdiko dipun wastani penyakit gawan monconegari, jaman merdiko hinggo tahun 70-an dipun wastani penyakitipun tiyang kuto gede ( Metropolitan ), samangke penyakit  arupi menopokemawon sampun sumebar dumugi ndeso-ndeso, mboten namung menyerang generasi mudo kemawon ananging ugi ingkang tuwo-tuwo. Lajeng kados pundi murih ‘Idul Fitri lan hikmahipun saged mangsulaken kawontenan kotor meniko dumados suci, fitri ? Jawabipun mboten langkung wiwit dinten meniko kito sedoyo kedah merethinking lan mereaktualisasi ajaran Islam ( tegesipun kito kedah nyinaoni lan mikiri soho nindakaken ajaran Islam kanti konsekwen lan istiqomah ). Liripun kesucian nurani dinten puniko, ingkang sampun kito gebek kalian poso, sholat lan sodaqoh wingi sampun ngantos kito regedi kanti syirk, salah niat, cecongkrahan lan tumindak awon sak terus-terusipun. Kanti mekaten insyaallah kito bade dados ummat ingkang ageng, kuat lan maju.     

Saking antawisipun kunci kangge meniko :

 

Sepindah, kito trapaken standar hidup secoro Islam wonten lingkungan keluargo, kanti ambiyasaaken saling maaf, saling apuro lan ora gampang duko sesami anggota keluargo, gusti Allah Ta’ala dawuh :

 

يا أ يّها ا لذين أ منوا إ نّ من أ زواجكم و أ ولادكم عدوّا لكم فاحذروهم    وإ ن تعفوا وتصفحوا وتغفروا فإنّ الله غفوررحيم   إ نّما أ موالكم و أ ولادكم فتنة و الله عنده أجر عظيم  (التغابن  14-15 )

Hey wong-wong sing podo iman sak temene ing antarane istri-istrimu lan anak-anakmu ono kang dadi musuhmu, mulo podo ngati-ngatio kowe kabeh marang deweke, ananging sak umpomo kowe gelem memaafkan salahe, ora ndokani, lan ngapuro dosane, sak temene Allah Ta’ala iku moho ngampuni doso lan moho welas asih. Sak temene bondomu lan anak-anakmu iku mung ujian kanggomu. Ing ngarsane gusti Allah Ta’ala tok ganjaran kang gede.

Kaping kalih, kita trapaken standar hidup bermasyarakat ingkang Islamy, kanti sering silaturrahmi lan musyawarah, sebab kekalihipun bade saged nyelakaken ingkang tebih lan saged madakne ingkang bedo-bedo. Dipun dawuhaken dening gusti Allah mekaten :

فبما رحمة من الله لنت لهم  ولو كنت فظّا غليظ القـلب لانفظّوا من حولك  فاعف عنهم وا ستغفر لهم   وشاورهم في ا لأمر فإذا عزمت فتوكّل على الله  إنّ الله يحبّ المتوكّلين  ( العمران 159 )

Atas dasar rahmat Allah kowe ( Hey Muhammad ) lemah lembut marang deweke ( sapodo-podo mukmin ). Sak kirane kowe keras lan pinaten kasar, musti wae deweke podo mlayu ngedohi kowe. Mulo soko iku maafkanlah mereka, suwunno pangapuro deweke lan musyawaraho karo deweke ing urusan (duniawi ). Yen kowe kabeh wus podo sawiji ing tekad tawakkalo marang Alloh. Sak temene Allah seneng marang wong-wong sing podo tawakkal/pasrah.

Kaping tigo, abot enteng menawi meniko sampun aturanipun Allah, rosulipun lan pemerintah ayo sami dipun sengkuyung    

يا أ يّها ا لذين أ منوا أ طيعوا الله وأ طيعوا ا لرسول و أ ولى ا لأمر منكم   و إ ن تنازعتم في شيئ فردّوه إ لى الله و ا لرسول إ ن كنتم تؤمنون با لله و ا ليوم ا لأخر ذلك خير وأ حسن تأويلا     ( ا لنساء 59 )   

Hey wong-wong sing podo iman, ta’atono Allah lan ta’atono rosule lan pemerintah sing soko golonganmu. Dene kowe kabeh podo pasulayan ing panemu ngenani sawijine bab, mulo podo balio marang Allah (Al-qur’an) lan marang rosule (As-sunnah) yen to kowe kabeh temen-temen iman marang Allah lan dino akhir. Sing koyo mangkono iku luwih utomo tumrapmu lan luwih apik akibate.    

 

Islam sampun jelas lan tegas aturanipun menawi bade estu-estu ngupados ‘Idul Fitri ing nurani, ‘Idul Fitri ing pergaulan bongso lan negari, tulodo sampun wonten, sejarah sampun ambuktekaken kantun greged lan niat ingkang perlu kasunyataaken.

ذلك بأنّ الله لم يك مغـيّرا نعـمة أ نعـمها على قوم حتّى يغـيّروا ما بأ نفـسهم وأ نّ الله سميع عليم        الأنفا ل ( 8) 53

Anane pasiksan iku jalaran sak temene Allah ora pisan-pisan bakal ngowahi sawijining nikmat kang wus dipareng-ake marang sawijine kaum, nganti kaum iku dewe gelem ngowahi opo kang wus ono ing diri pribadine. Lan sak temene Allah Moho mireng lan Moho mirsani

 

جعلنا الله وإ يّاكم من ا لمقبولين  ا لفائزين ا لأمنين   ووفّقنا و إ يّاكم بما فيه صلاح الإسلام و المسلمين وأدخلنا و إيّاكم فيمن يحبّه من ا لمتطهّرين ا لمتوكّلين    أ قول قولى هذا  وأستغفرالله لى ولكم ولسائر المسلمين و ا لمسلمات وا لمؤمنين وا لمؤ منات من كلّ ذنب فاستغفروه إ نّه هو ا لتوّاب ا لرحيم    

 

Baca juga: Ingat tujuan puasa Ramadhan



ا لخطبة ا لثانية لعيد ا لفطر

الله أ كبر  الله أكبر  الله أ كبر      الله أكبر  الله أكبر  الله أكبر   الله أكبر ولله ا لحمد

الحمد لله الذي أدخل عباده المتّـقين في جنّته النعيم   وأمرهم بمجاهدة ا لشهوات ا لرذياة وبشكر ا لشاكرين    وأدخل عباده ا لكافرين في نار ا لجحيم مع ا لشياطين   أشهد أن لا إله إلاّ الله وحده    ونصر عبده     وأعزّ جنده    وهزم الأحزاب وحده    له الكريم ا لحليم   و أشهد أ نّ سيّدنا محمّدا عبده ورسوله الذي أرسل إلى جميع المخلوقين   اللهمّ صلّ وسلّم على سيّدنا محمّد ذي ا لخلق ا لعظيم    وعلى أله وصحبه الذين تمسّكوا بدين ا لقويم  

أمّا بعد ,

فياأيّها الناس اتّقوا الله حقّ تقاته ولاتموتنّ إلاّ وأنتم مسلمون    واعلموا أنّ الله حرّم علينا في العيد الصيام   وأمرنا بكثرة الصلاة والذكر والصدقة وصلة الأرحام     فقال تعالى : إنّ الله وملائكته يصلّون على النبي يا أيّها الذين أمنوا صلّوا عليه وسلّموا تسليما   اللهمّ صلّ على سيّدنا محمّد وعلى ا ل سيّدنا محمّد وسلّم ورضي الله تبارك وتعالى عن كلّ صحابة رسول الله أجمعين والحمد لله ربّ ا لعلمين   اللهمّ اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات إنّك سميع قريب مجيب الدعوات   اللهمّ انصر من نصر الدين  واخذل من خذ ل المسلمين وأهلك الكفرة و الظالمين   والمبتدعة والمشركين  وأعل كلمتك إلى يوم الدين ☼   ربّنا هب لنا من أزواجنا وذرّيّاتنا قرّة أعين واجعلنا للمتّقين إماما   ربّنا أتنا في الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار الله أكبر  الله أكبر الله أكبر والحمد لله ربّ العالمين

 

Komentar atau pertanyaan, silakan tulis di sini

Posting Komentar (0)
Lebih baru Lebih lama