KHUTBAH BERBAHASA JAWA; TAUHID

 


الحمد لله الذي لا معبود إلاّ الله ولا أ فضل إ لاّ الجهاد في سبيله  ولا حول ولا قوّة إلاّ بالله   فلانعبد إلاّ إيّاه ولا نتوب إلاّ إليه   أشهد أن لا إله إلاّ الله وحده لا شريك له وأشهد أنّ سيّدنا محمّداعبده و رسوله  أمّا بعد,

فياأيّها الذين أمنوا أوصيكم ونفسي بتقوى الله حقّ تقواه   واعبدواه ولا تشركوا به شيئا  واذكروه كثيرا لعلّكم تفلحون

 

PORO SEDEREK JAMAAH  JUM’AH INGKANG MINULYO

Sumonggo Syawwal ingkang tegesipun peningkatan meniko estu-estu kito damel kagem ningkataken amal ibadah ingkang sampun kito lampahi saben dinten meniko. Ingkang kito tingkataken inggih meniko kwalitasipun menopo dene frekwensinipun. Mbok bilih kirang-kirang ihlasipun, kirang-kirang tenananipun, khusyu’ipun, tawadhu’ipun, kirang pasrahipun lan kirang cinta/remenipun dumateng Allah swt ( meniko kwalitas ). Dene frekwensi ugi perlu kito tingkataken, mbok bilih taksih kirang kerepipun, menopo kirang ajegipun, menopo kirang macemipun amal ibadah ingkang dereng natos katindak-aken.( : sholat dhuha, sholat tahiyatul masjid, Adzan, qurban, slalu ndalem kawontenan suci/wudhu, poso Senen Kemis, sholat wengi lsp ). Kanti mekaten insyaAllah kito kalebet tiyang-tiyang ingkang taqwa kanti haqqo tuqootih.

 

PORO JAMAAH  INGKANG KULO HORMATI

 Taksih bab Ibadah ( nyambung kalian Jum’ah Pon pengker ). Abdullah bin Abdurrahman ingkang langkung kondang kanti asmo Abi Bathiin mangsuli pitangletan muridipun saking Negari Najd lan Negari Ihsak ingkang nyuwun pirso tegesipun ibadah lan tegesipun tauhidu-l-ibadah. Wangsulanipun mekaten : Ibadah inggih puniko Kamaalu-l-hubbi ma’a kamaali-l-khudhuu’i artosipun ibadah inggih puniko trisno/cinta/seneng kang sempurno dibarengi karo tunduk kang sempurno. Alasanipun Abdullah bin Abdur-rahman bilih ing saklebetipun trisno/cinta/seneng kang dipun sarengi kalian tunduk terkandung/ono ketaatan lan kepasrahan dumateng ingkang dipun tresnani/remeni, lan ing saklebetipun taat lan pasrah namung dumateng ingkang dipun tresnani/remeni, terkandung/ono tauhiidu-l-ibadah tegesipun ibadah namung dumateng barang kang sawiji ora maroati. Kanti mekaten ibadah ingkang leres lan lurus ngghoyahipun tresno lan tunduk namung dumateng ingkang paling dipun tresnani, lan meniko mboten sanes kejawi Allah swt ingkang Moho welas ingkang Moho asih. Tresno/seneng kemawon mboten dipun wastani ibadah, tunduk kemawon mboten dipun wastani ibadah, seneng tanpo tunduk sanes ibadah, tunduk tanpo seneng ugi sanes ibadah. Pramilo seneng lan tunduk pinongko rukunipun ibadah dumateng Allah Ta’ala swt.

Lajeng  tauhidu-l-ibadah inggih meniko anyuwijek-aken Allah swt ing sedoyo amal ibadah. Tegesipun sedoyo amal ibadah dados sah menawi namung krono lillah, mboten krono sanes-sanes ( : takabbur, pamer, pangalembono, setia kawan, toleransi, isin, arisan lsp ). Dipun tegasaken dening Gusti Allah wonten surat Az—Zumar, ayat 2-3 :

إ نّا أ نزلنا إليك ا لكتا ب با لحقّ فا عبد الله مخلص له ا لدين    أ لا لله ا لدين ا لخالص والذين اتـخذوا من دونه أولياء ما نعبدهم إ لاّ ليقرّبونا الى الله زلفى إ نّ الله يحكم بينهم في ماهم فيه يختلفون  إنّ الله لا يهدي من هو كاذب كفّار 

 

Saktemene Ingsun nurunake marang kowe Kitab Al-qur’an ( nggowo isi ) kebenaran. Mulo sembahen Allah kanti ketaatan kang murni marang Deweke ◊ Elingono mung kagungane Gusti Allah tok agomo kang resik (adoh soko syirk). Lan wong-wong sing ngangkat pelindung (nyembah) sak liyane Allah (podo muni) “ Sak temene aku kabeh ora nyembah deweke ( poro pelindung ) iku kejobo supoyo deweke ( poro pelindung ) iku biso nyedakne aku kabeh marang Allah kanti sak temen-temene cedak . Sak temene Allah bakal menehi keputusan marang wong-wong ngenani barang kang podo di perselisihkan . Sak temene Allah ora menehi petunjuk marang wong-wong kang podo goroh lan banget olehe ingkar “.

Ibadah dumateng  Allah kanti coro kados mekaten ( lumantaran ngasanes ) dipun kinten leres, kamongko lepat, dipun dawuhaken gusti Allah S. Al-A’rof, 30 :

 

فريقا هدى و فريقا حقّ عليهم الضلالة   إ نّهم ا تخذوا الشياطين أولياء من دون الله ويحسبون أنّهم مهتدون

Sebagian di paringi petunjuk-Ipun lan sebagianipun malih jelas nampi kesesatan. Jelas jalaran deweke kabeh iku podo nyembah syetan-syetan  pelindung  (deweke) sak liyane Allah. Deweke kabeh podo ngiro yen deweke oleh petunjuk.

 

Poro sederek Jamaah  Jumah ingkang minulyo

Lengseripun wulan Poso, mlampahipun Syawal katah syetan-syetan, howo nefsu howo nefsu kang ajak-ajak dumateng kemusyrikan lan kemungkaran, agawe doso kanti tumindak olo nerjang wewaler agomo lan trap susilo. Ajak-ajak dumateng ninggalaken amalan-amalan ibadah ingkang sampun sae lan migunani ing wulan Poso dumateng nindakaken barang awon kang mboten migunani. Katah kemawon lajeng mandeg anggenipun sholat lail, ngaji tadarus, ngempet tumindak awon lan ngendikan awon.

Leres bilih wulan Romadhon sampun mandeg, ananging amal ibadah mboten mandeg ngantos manggihi pejah. Senaoso poso romadhon mandeg ananging posonipun piyambak taksih dipun syari’ataken terus saben wekdal. Saking antawisipun rosululloh saw nyunahaken poso Senin Kemis kanti  dawuhipun :

 

إ نّ الأعمال تعرض فيهما على الله تعالى فأحبّ أن يعرض عملى وأنا صائم

 

Sak temene obah polah amal ibadah iku dilaporne marang Allah ing dino Senin lan Kemis. Lan aku ( Muhammad ) seneng yen amal ibadahku dilaporake pas aku poso. Ugi Kanjeng Nabi paring wasiat dumateng Abi Huroiroh r.a supados poso tigang dinten saben wulan, kanti dawuhipun :

 

صوم ثلاثة أيّام من كلّ شهر صوم الدهر كله وأمر أن تكون هذه الأياّم الثلاثة أياّم البيض وهي اليوم الثالث عشر والرابع عشر والخامس عشر فمن أمكنه أن يجعل الثلاثة في أيّم البيض فهو أفضل و إلاّ فلو في عيره

Poso telung dino saben wulan iku podo karo poso setahun muput (ganjarane) , telung dino iku dijenengake dino putih, yoiku pas tanggal 13, 14, 15 . Sing sopo mungkinake nindaake poso supoyo pas ing dino iku luwih becik yen kepekso ora pas yo keno ing liyane.

 Mekaten ugi ibadah tarowih lan witir malem-malem Romadhon mandeg ananging syari’at / perintah sholat lail tetep berlaku kagem saben dalu sepanjang tahun. Gusti kanjeng nabi dawuh :

أن الله تعالى ينزل إلى السماء الدنيا كلّ ليلة حين يبقى ثلث الليل الأخر فيقول : من يدعونى فأستجيب له من يسألنى فأعطيه من يستغفرنى فأغفر له

 

Bilih Allah swt mudun marang langit kang paling cedak saben bengi naliko sepertelon bengi kang keri dewe  banjur ngendiko : Sing sopo takon marang Ingsun musti tak jawab, sing nyopo nyuwun marang Ingsun tak wenehi, sopo nyuwun diampuni marang Ingsun tak ampuni dosane.

 

Poro sederek monggo samio taqwa dumateng Allah kanti ngisi umur kalian amal lan ugi ngetrapaken pangandikan kalian kasunyatan. Lan monggo wekdal-wekadal ingkang memungkinkan kito kebaki kanti amal soleh jalaran sajatosipun umur inggih meniko wekdal ingkang sampun kito lampahi kangge ngibadah remen lan ta’at dumateng Allah swt, wekdal ingkang kadamel senesipun meniko ateges sio-sio lan muspro.

 

Poro sederek ….. Gusti Allah sampun maringi pinten-pinten margi tumuju kesaenan, lan tansah mbikak gerbangipun sak wekdal-wekdal  supados kito saged lumebet, ugi nerangaken walesanipun saben-saben amal ibadah….. sholat gangsal wekdal umpaminipun diwales 50 ing timbanganipun, 12 roka’at nafilah qobliyah lan ba’diyah ( 4 qobla Dhuhur 2 ba’daha, 2 ba’da Magrib, 2 ba’da Isya’, 2 qobla Shubuh ) sinteno ingkang nindakaken Gusti Allah nyawisi griyo ing suwargo. Sholat witir sekedikipun 1 roka’at lan sak katah-katahipun 11 roka’at , miturut pangandikanipun rosululloh tiang ingkang mboten nate nindakaken witir mboten dipun tampi laporanipun. Dzikir-wirid sakbibaripun sholat :

من سبّح الله دبر كلّ صلاة ثلاثا وثلاثين وحمد الله 33 وكبّر الله 33 فتلك تسع وتسعون وقال تمام المائة لا إله إلاّ الله وحده لا شريك له له الملك وله الحمد وهو على كلّ شئ قدير غفرت خطاياه ولو كانت مثل زبد البحر

……. Senajan dosane koyo untuking segoro.

 

Ugi masalah wudhu’, sok sinteno ingkang wudhu’ kanti sempurno lan seneng nindakaken ( asbagho ) lajeng sak bibaripun dedongo : Kolo nekseni bilih mboten wonten pangeran kejawi namung gusti Allah ingkang setunggal mboten wonten ingkang  madani, lan kulo nekseni bilih Muhammad meniko utusan lan abdinipun duh gusti Allah panjenengan dadosaken kulo kalebet tiang-tiang  ingkang taubat lan penjenengan lebetaken kulo golonganipun tiang-tiang ingkang suci, menawi sampun pejah tiyang meniko kulowau kacawisan suwargo saged mlebet saking qori ingkang dipun remeni. Ugi aweh nafaqoh arupi maal senajan marang awake dewe, opo keluargone, opo anake, opo marang rondo lan wong miskin, dipun ganjar kados ganjarane wong mujahid fii sabiilillah.

 

Mekaten menggah moho welas lan asihipun Gisti Allah, katah maringi margi ananging sakedik ingkang ngliwati margi meniko, katah mbikak qori suwargo ananging pundi abdi ingkang mlebet medal mriko.

أعوذ بالله من الشيطان الرجيم  يا أيّها الذين أ منوا اركعوا واسجدوا واعبدوا ربكم وافعلوا الخير لعلّكم تفلحون   الحج 77

 

Hei wong-wong kang podo iman   kowe kabeh podo ruku’o, sujudo, nyembaho marang pangeraniro, lan nindakno kabecikan  mugo-mugo kowe kabeh untung               

  بارك الله لى ولكم ما فى القرأن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم                          

أ قول قولى هذا  وأستغفرالله لى ولكم ولسائر المسلمين و ا لمسلمات وا لمؤمنين وا لمؤ منات من كلّ ذنب فاستغفروه إ نّه هو ا لتوّاب ا لرحيم    


Baca juga: Hadits tentang larangan menodongkan senjata tajam atau pisau pada orang lain baik serius maupun bercanda


Khutbah Kaping Kalih

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}

ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ.

Komentar atau pertanyaan, silakan tulis di sini

Posting Komentar (0)
Lebih baru Lebih lama